Rabu, 01 Agustus 2012

Adobe Ilustrator(Artikel Berbahasa Jawa)

Adobe Illustrator
Adobe Illustrator CS5 Icon
Illustrator CS5 Windows7 x64.jpg
Adobe Illustrator CS5 mlaku ing Windows 7 x64
Pangembang Adobe Systems
Vèrsi stabil CS5 (15.0.0)
/ April 12, 2010; 2 taun ingkang kapengker
Basa program C++
Sistem operasi Mac OS X, Microsoft Windows
Tipe Vector graphics editor
Lisènsi Proprietary
Situs wèb Adobe Illustrator Homepage


Adobe Illustrator iku piranti alus komputer kanggo gawé disain grafis utawa gambar illustrasi. Adobe Illustrator digawé déning parusahan Adobe System. Gambar sing digawé nganggo Adobe Illustrator bisa dicilkna utawa digedhèkna lan gambaré padha karo gambar asli. Adobe Illustrator dikelalna ing taun 1986 kanggo Mac OS.

Sejarah

Versi 1–1.6 (Illustrator 88)

Adobe Illustrator kaping sijiné dikembangné gawé Macintosh Apple taun 1986 (pengirimané ing bulan Januari 1987) minangka komersialisasi saka piranti-lunak Adobe PostScript lan format file. Illustrator 88, jeneng produk gawé versi 1.6, dirilis ing taun 1988 lan ngenalné alat-alat anyar lan fitur sing anyar.

Versi 2–5

Adobe Illustrator dikembangné utamané kangge Macintosh. Ing wiwit taun 1990, Adobe ngerilis versi Illustrator untuk NeXT, Silicon Graphics IRIX, lan Solaris platform, tapi iku kabeh mandheg amerga pasar kurang laris. Versi kaping siji Illustrator kanggé Windows, versi 2.0, dirilis wiwit taun 1989 lan gagal. Versi Windows lanjutané, versi 4.0, uga dikritik minangka mirip banget karo Illustrator 1,1 lan ora saderajat karo paket ilustrasi sing paling populer Windows CorelDraw. Versi 4. Iku versi kaping siji Illustrator sing ngedukung pengeditan ing modus prathilik, sing ora ana ing versi Macintosh kanthi 5,0 ing taun 1993.

Versi 6–10

Illustrator 6 dikenalné taun 1996. Sebeneré saka versi Macintosh ning Windows diwiwiti kao versi 7 tahun 1997, akhiré desainer bisa gawe standar Illustrator. Njeelasné bedhané antara Photoshop lan Illustrator bebarengan karo munculé Internèt, Illustrator wis disempurnahaké gawé ndukung penerbitan Web, nuduhna prathilik, PDF, lan SVG. Versi 9 mlebu fitur pelacakan, kaya karo sing dimandhegna ing Streamline produk Adobe.

Versi CS–CS5

Illustrator CS iku versi kapin siji sing nyertakna fitur 3-dimensi. Pengguna bisa ngapus utawa muter bentuk objek 3D sing prasaja. Kanggé nyermina integrasi karo Adobe Creative Suite, Illustrator CS2 (versi 12) sing ana kanggé Mac OS X lan sistem operasi Microsoft Windows. Iki versi terakhir gawé Mac sing ora kerja secara native ing keloro prosesor Intel lan PowerPC.
Antara fitur-fitur anyar ing Illustrator CS2 iku Live Trace, Live Paint, palet kustom kontrol lan ruang kerja. Live Trace kanggé konversi citra bitmap ting vektor seni lan ditingkatna kemampuané saka sadhurungé. Live Paint luwih fleksibel ing nerapna warna ing jero obyek, khususé sing tumpang-tindih.
CS3 nganyari Bar Control, kemampuan kanggé nyelarasna poin individu, pirang-pirang Crop Areas, penunjuk arna panel lan fitur Live Warna lan liya-liyané.
CS4 dirilis bulan Oktober 2008. Akeh fitur sing dibenakna lan pirang-pirang alat sing anyar. Kanggé nyiptakna pirang-pirang artboards iku salah sijiné penambahan utama saka CS4, sanajan isih ora padha karo kemampuan sing bener-bener saka Freehand.
CS5 dirilis ing April 2010. Fitur anyar Illustrator CS5 mlebu: Perspective Grid, Bristle Brush lan update sing komprehensif gawé stroke, sing disebut Adobe minagka "Beautiful Strokes".

Basa

Adobe Illustrator bisa nganggo basa-basa iki: Arab (Timur Tengah), Cina Prasaja, Cina Tradisional, Ceko, Denmark, Walanda, Inggris, Prancis, Prancis (Kanada), Jerman, Yunani, Ibrani, Hongaria, Italia, Jepang, Koréa, Polandia, Rumania, Rusia, Spanyol, Spanyol (Amerika Latin), Swedia, Turki, Indonésia lan Ukraina.

Pengaturan Teks Liya

Illustrator versi Timur Tengah kedaden saka pengaturan sing khusus gawé ngetik Basa Arab utawa teks Ibrani, kaya:
  • Menawi wonten sing nganggé Basa Arab, Persia utawa Hindi digit
  • Nganggé kashidas gawé jarak huruf lan justifikasi
  • Set vokal utawa posisi Diakritik
  • Ligatur pilian
  • Teks rata ing tiga cara, yaiku: Standard, Arab, lan Naskh

Yen ora, kabeh sing ing dhuwur iku bisa dijupuk nganggé IndicPlus (http://metadesignsolutions.com/indicPlusIllustrator), plug-in basa kanggé Adobe Illustrator.

Fitur khusus kangge basa Arab lan basa Ibrani

Ibrani dan Timur Tengah versi Arab secara khusus dikembangna kanggé basa Arab lan basa Ibrani. Tapi, biaya versi Adobe Illustrator isng iku cukup dhuwur (meh loro kali lipat saka versi Adobe Illustrator normal). Kanggé ngaktifna skrip sing kompleks kaya Arab dan Ibrani ing versi normal Adobe Illustrator, plug-in, (http://metadesignsolutions.com/indicPlusIllustrator IndicPlus) wis cukup.

Font tambahan

Illustrator versi Timur Tengah nginstal siji font tambahan sing gampangake kerjaan: WinSoft Pro, sing ana ing papat gaya: Medium, Medium Italic, Bold dan Bold Italic. Tapi, IndicPlus bisa pisan.

Kamus lan Modul Hyphenation

Illustrator versi Timur Tengah ana kamus basa Arab sing komprehensif sing bisa meriksa ejaan teks basa Arab. Illustrator versi Timur Tengah uga ana Hyphenation Modul kangge basa Ibrani. Durung ana plug-in kangge solusi iki ing versi Illustrator sing biasa.

Golek / Ganti

Bisa golek lan ngganti teks Timur Tengah. Nalika diperiksa, pengangge bisa golek string teks iku berisi pirang-pirang aksen utawa ora.

Impor / Ekspor Pilihan kangge karakter ME

Illustrator versi Timur Tengah kalebu impor lan ekspor kanggé format RTF, Unicode, Word, Freehand, CorelDraw, PDF, SVG, PSD, EPS, EMF lan DXF / DWG file, kalebu teks Timur Tengah. Enkoding wis ditambahna kanggé karakter Timur Tengah sing masilitasi teks lan ekspor-impor, Simpen kanggé Web lan DXF / DWG impor file.

0 komentar:

Posting Komentar